Aku Cah Kerjo
Bebasan nunggu mongso rendeng
Anggongku lek ngenteni kowe
Wes ono sesasi genep dino iki
Mas yen pancen tresnoku iki
Mbok anggep ra ono gunane
Aku ra kuciwo lan aku ra loro
Mas lungaku ra keget cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi saksine
Yen neng ati ra ono wong lanang liyo
Kowe rasah sok mutusi, aku ra neng endi-endi
Aku lungo amung golek rejeki
Pangapurane awakku ra tau nyanding sliramu
Mergo tuntutan kerjoku nganti ora nduwe wektu
Wektu kanggo ngancani ugo ngeterke nyanyi
Kowe kudu ngerti lungaku golek rejeki
Dongakno lakuku ngayahi kewajibanku
Senajan abot kanggomu
Nanging kuatno atimu
Wes dadi kahanan aku lungo adoh paran
Ora bakal kelegan nyanding wedokan liyan
Mas lungaku ra keget cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi saksine
Yen neng ati ra ono wong lanang liyo
Kowe rak sah sok mutusi
Aku rak neng endi endi
Aku lungo amung golek rejeki
Ojo keloro-loro lungaku ra keget cidro
Opo meneh nganti mikir aku wes ora tresno
Yo mung kowe sing tansah ono neng njero dodo
Ra ono trensno liyo mergo aku tansah setio
Kudu percoyo tresnoku iki mung siji kowe
Wani sumpah mati neng ati ra ono liyane
Janjiku tak buktekke ora mung ono lambe
Tunggunen baliku bebrayan tekane sak lawase
Mas lungaku ra keget cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono wong lanang liyo
Kowe rasah sok mutusi, aku ra neng endi-endi
Aku lungo amung golek rejeki
Anggonku ngabari yo mung lewat bbm-an
Kadang sinyal angel marai dadi penghalang
Neng yo kudu sabar, ora usah nggo nesunan
Mergo trenso kui mestina akeh pacoban
Sing tak jaluk kowe ojo nganti ilang roso
Senajan aku kerep gawe gelo lan kuciwo
Jembarno atimu sak jembare laut samudro
Kowe kudu ngerti yen aku iki cah kerjo
Mas yen pancen kuwi karepmu
Aku yo mung tansah biso nunggu
Tak kuatne atiku tanpo sliramu
Mas nadyan kowe lungo kerjo
Sing tak jalu kowe tetep setio
Ojo nganti kegudho wong wadon liyo
Sabaro aku yo mung cah kerjo